KEBUMEN TALK - Berikut ini lirik lagu sholawat puji pujian jawa islami yang sering dilantunkan setelah adzan sholat wajib di mushola.
Kali ini lirik lagu sholawat puji pujian jawa islami berjudul "Ojo Gampang Nesu" yang memiliki nasihat kehidupan dan biasanya berasal dari khazanah islam.
Berikut ini lirik lagu sholawat puji pujian jawa islami "ojo gampang nesu" :
Baca Juga: Sosok Guru Ngaji Inspiratif Ini Dapat Bantuan Insentif Guru Ngaji, 'Bisa Jadi Tambahan Modal Usaha'
صَـلا َةُ اللهِ سَـلا َمُ اللهِ عَـلَى طـهَ رَسُـوْلِ اللهِ
صَـلا َةُ اللهِ سَـلا َمُ اللهِ عَـلَى يـس حَبِيْـبِ اللهِ
sholatulloh Salamulloh - 'ala thoha rosulillah
sholatulloh salamulloh - 'ala yasin habibillah
Ono sohabat nyewun pitutur
Marang kanjeng Nabi pilihan
Kanjeng Nabi banjur dawuh
Ojo nesuan ojo jengkelan
Koyo - koyo dawuh sepele
Nanging dadeake akibat kang gedhe
Biso ngrusak kaluargane
Mrembet - mrembet nang masyarakate
Elingo yen siro nesu
Ora tambah nggantheng ora tambah ayu
Ngadep ono ngarepe koco
Wajah mrengut rupane olo
Lisan menengo tangan dibondo
Nalikane wektu nesu iro
Sebab lisan biso ngucap olo
Tangan obah biso ngerusakno
Baca Juga: Bukan Beribadah, Malam Ramadhan di Jakarta Ini Malah Dijadikan Ajang Tawuran, Remaja Pake Sajam!
Nesu iku saking setan
Setan ginawe saking geni
Moco ta'awudz nuli wudhu
Supayane mari le nesu
Wong kang biso ngeker nefsune
Rikolo nefsu teko nang dhewek
Iku tondo marang taqwane
Suwargo dadi panggonane
Salah siji tanda taqwane
Biso ngempet nefsu amarahe
Lan gampang ole ngapurane
Marang wongkang akeh lupute
صَـلا َةُ اللهِ سَـلا َمُ اللهِ عَـلَى طـهَ رَسُـوْلِ اللهِ
صَـلا َةُ اللهِ سَـلا َمُ اللهِ عَـلَى يـس حَبِيْـبِ اللهِ
sholatulloh Salamulloh - 'ala thoha rosulillah
sholatulloh salamulloh - 'ala yasin habibillah
***