Ulangi 2x
Eling-eling siro manungso
Elingono anggon mu sholat ngaji
Mumpung durung katekanan
Malaekat juru pati
Panggilane Kang Moho Kuoso,
Gelem ora bakal di gowo
Disalini sandangan putih,
Yen wes budal ra biso muleh
Tumpakane kereto jowo,
Roda papat rupo manungso,
Jujugane omah guwo,
Tanpo bantal tanpo kloso
Omahe ra ono lawange,
turu ijen ra ono kancane,
Di tutupi anjang- anjang,
Diurug lan di siram kembang
Jangan lupa sholawat puji pujian yang kalian kumandangkan diresapi dan dihayati supaya pesan-pesan agama dan nasehatnya bisa sampai ke dalam hati.
***